Maca nangaring Kompas cetak dina kiye halaman 12, gelem ora gelem aku dadi nlangsa dewek. Nangkono disebutna nek basa Banyumasan termasuk basa sing meh punah. Alesane gara-gara wong Banyumas siki mulai gengsi nganggo basa sing dianggap kasar tur kampungan.
Padahal nek debukak sejarah perngapakan, basa Banyumas pancen asale sekang kultur pinggiran sing didominasi petani karo nelayan. Pancen krasane kasar, tapi justru kuwe cermin kejujurane wong ngapak sing duwe prinsip blakasuta lan apa anane. Persis kaya disebutna nang Kompas mau. Basa ngapak termasuk basa vernakuler sing ora dikodifikasi dadi basa resmi. Dadine lewih bersih sekang telikungan politik kepentingan siang biasane cedek karo urusan kekuasaan.
Wis dadi rahasia umum, nek sing cedek karo urusan kekuasaan mesti akeh sing ora berese. Ana bae sing diuyeg-uyeg nganti jeleh sing nyawang. Golet sing 100% jujur yakin gologokin angele pol. Kuwe bisa dideleng kang aturan-aturan basane. Basa wetanan kaya Jogja Solo sing dadi basa ningrat, caraku ora demokratis tur peodal banget. Sebutan go aku, rika, ramane, luraeh lan seteruse dibedak-bedakaken. Alesane sopan santun anggah ungguh, tapi dadine keton banget nek ana pihak sing olih ngidek pihak liane.
Jal nang basa Banyumas. Aku madang, rika madang, bupatine ya madang. Apa pedah kondisi kiye wis ora pas karo kenyataan siki, dadine basa ngapak dianggep ora aptudit. Mbok rika pada ngerti nek siki logika mau pada dewalik. Bupatine madang, luraeh madang, ning aku karo sebagian rakyate pada kencoten.
Sing pada ceplak nganti klalen ra gelem mikirna. Kemplu pancen...
Sing nambah gawe bingung, wong