Showing posts with label ngapak. Show all posts

Saturday, September 10, 2011

Lirik lagu doraemon

Enyong pengin kayakie...
Enyong pengin kayakue..
Pengin kie kae akehe ngepol...

Kabeh..kabeh...kabean
Bisa di wujudna,bisa di wujudna kantong ajaib...

Enyong pengin mabur duwur neng angkasa....
Hei....ketiran sekang pring....

La..la..la...
Enyong senenge ngepol...
Doraemon..
La..la..la..
Enyong senenge ngepol...
Doraemon....

Tuesday, September 6, 2011

[cerpen] nggolet katok

wektu wis lewat rongdinaan lewih.mamake seno wis mangkat meng singapur,ninggali lakine karo anake loro.siji bujang wis gede,siji maning wadon esih cilik.

Lagi panas2 nggampleng si seno ketone kaya lagi kebingungan nggoleti mbuh apa,ngunah ngeneh wis di acak2 tapi ketone sing di golet seno durung ketemu.

Bapake seno sing ketone lagi leyeh2 ge kpaksa keganggu ding anake..

bapake: koe lagi nggoleti apa si sen?ngrusebi temen matane bapakmu...."
seno: brisik pak,kaya weruh sing tek golet bae rika,,,,kie mesti mamane sing ndelah.asem jere,ngapa2 angger ndelah primpen kaya harta karun bae "
bapake: ya wis nganah di telp bae mamake,"

Akhire seno manut.maring konter tuku pulsa 50ewu ben cukup nggo telp,anu duit olih adol budin

Wednesday, August 31, 2011

kaki pulisi

Sing di wedeni saiki nek dewek lunga2 neng dalan nggawa motor dewek,mesti polisi.wis dadi rahasia umum...pulisi kie emang paling pinter nggolet duit neng dalan.apamaningsi nek jere ngelanggar aturane pulisi kue mau ya wis,dadi panganane pulisi.kie ana cerita,ceritane kaki dalban meng terminal numpak montor,neng dalan ktemu pulisi,
Pulisine:"selamat siang pak",
Kaki dalban:"ngawan pak,ana apa si?nek arep ngomong penting mah mengko bae lah neng umah,apa di sms na ya kena".
Pulisine:"dela pak mandeg disit,rika ngerti ora salaeh rika kie apa?nganti tek endeg?".
Kaki dalban:"lah rika kie priwe si pak?takon maring enyong,lah enyong kon takon meng sapa?"
Polisine:"(brari kesuh)takon meng rumput yang bergoyang ya kena,di takoni serius koh....,kie menyangkut

Tuesday, August 30, 2011

allaahu akbar...

Allaahu akbar.. Allaahu
akbar.. Allaahu akbar.....
Laa - ilaaha - illallaahu
wallaahu akbar.
Allaahu akbar walillaahil -
hamd.

Artine:
Allah maha besar (3X)
Langka Tuhan selain Allah
Allah maha besar
Allah maha besar lan kabehing puji
nggo Gusti Allah.

Lengkape,
Allaahu akbaru kabiiraa
walhamdulillaahi

Monday, August 29, 2011

lebarane kapan

Nguna ngeneh pada ngongi lebaran mundur,ana sing trima,ana sing kesuh,sing ngomong lebarane unik ya ana,
Jane enyong pribadi nek olih melu komen,,,anu y "ora urusan".arep dina kie ya mangkat shalat ied,arep ngesuk ya siki puasa maning.
Wong genah urip neng negara sing apa2ne wis ana aturane,lebaran ge wis ana sing nentukna....ya melu bae.ngapa gondok2an,arep ngotot2 dwek ya bati2 kesel tok,langka sing mbayar maning.
Tapi siji sing enyong mandan gatel pengin ngomong,ana sing ngomong koh jere "lebarane unik,muhamadiah tgl 30-NU tgl 31",kie kaya mentitelkan golongan,kawit gemiyen uteke enyong di nei sugesti bahwa muhamadiah karo NU kue sokan akeh

endi ngapake

jane enyong bingung,situs resmi ngapak.com ,
bisa2ne bretitane ora ngapak.pancen nek jejering soksiale emang fuel ngapak,tapi situs britane babar plotas ra nana sing ngapak.beritane ora patut di arani berita ngapak,lewih patut di arani berita seputar banyumas,lan aja nganggo judul ngapak.com.enyong ya ora teyeng gawe situs kaya kae,situs kie ge arane dudu ngapak.com,tapi ngapak™.dadi bukane enyong arep nyaingi,apa ngelek2na kae situs,ora...enyong kie mung pengin mencurahkan pkirane enyong.
Kawit ganu enyong nggolet

Balik Kampung

Nggo rika sing arep balik kampung siki,ndean kie tulisane enyong kena di waca.
Terutama rika sing nggawa motor/mobil dewk.
Sing pertama di deleng kue wektu,aja njikot balik ngawan awan,sebabe emosi lewih duwur nek ndas kpanasen,

Sing keloro di emut2,aja matokna wektu kapan tekan ngumah...kie bahaya banget,sebab utek bakal mikire "gegian,gegian,lan gegian".

Sing ke telu di ematna,aja nganti utek nglamun...sebab apa?nek neng ndalan nganti nglamun,apa maning nglamun wadonan,bahayane pol lik..

Sing ke papat di ematna,nek liren nggolet enggon sing mandan aman,kaya pom bensin,apa hotel nek duite akeh oten...
Sing paling penting jere polisine,"ngati2 sebab keluargamu ngenteni neng umah".

Tulisan kie di jukut sekang pengalaman pribadine enyong neng dalan...mung nggo bagi2 pengalaman.

Sunday, August 28, 2011

puisi esuk

Srengenge esuk sing di alem,atismu ora krasa wektu semana....

Emutku lewih anget sekang slimut kamar,malahan atiku kaya kembang lagi mekar....

Saiki........

Uteku kaya kecantol wektu,wektu mbien pas kabeh esih neng kene,esih bareng,esih gandengan....

Kemutan sawijining mlaku nglewati embun,nglewati atis,mbatiri manuk nggugah

Friday, August 26, 2011

Lebar Luar Lur.....

Para Ngapakers sedaya ingkang kinurmatan....sesepuh soho pinisepuh, kaki lan nini, rama lan biyung, sanak kadang lan sedulur kakung putri ngapakers sedaya...kepareng kulo (Kang Panjoel/Admin ngapak.com) matur gunging panuwun dhumateng Gusti bilih sedoyo badhé manggihi wulan barokah/suci..sugeng mahargyan nindakaken shaum romadhon. Sedoyo lepat kulo nyuwun pangapunten .......

Ucapan Ramadhan ngapak

wayah esuk

huahhhhhhhhhhhhhhhhhmmmmmmmmsssss
nguantuk

adus disit lah mbari udud...

Thursday, August 25, 2011

kue apa kueh?

kasus ter anyar sekang fans pagenya saya,
Ana sing komen "ko podo ngomongke kue,agi pdo gawe kue yo?",mangkellll banget yakin...ujar q mah nek ora ngerti ya takon.ora usah dolanan bhasa batir...tek jawab kaya kie bae,"ora yu anu lg nyeneni pak lurah,rika pengin di seneni?apa di selasani?",sekedar nei ngerti
kue = itu
seneni= marahin,dadi ora usah di sambung2na maring sing ora nggenah lah.
mbok ngerti yah..unggal bhasa ana cirine dewek2,ana mutune dewek2,dadi nek ciri karo mutu wis bertemu gari gawe sambele,
Wis lah nek ngmongi perbedaan emang langka rampunge......

Monday, August 22, 2011

indonesia nglawan palestina

Indonesia vs Palestina emang cuma percobaan,tapi aku tetep penasaran,berapakah skor akhirnya?

Melihat permainan indo yg carut marut,aku belum yakin indonesia menang.

Tapi setelah di tonton semakin lama semakin menarik,pertama emang indonesi kemasukan di babak pertama,,,dan akhirnya Haryono membuka kesempatan menang.dan di babak ke 2 gonjales dan bambang pamungkas membobol gawang palestina.Dan skor akhir adalah 4-1 untuk indonesi

di jukut sekang kene

Sunday, August 21, 2011

adol jere

Wis suwe, kupu-kupu kae ora
kepatek nang kene
Lakon sing lewih kepenak mabur
ngalor
Ndean wis nemu gantine Mbuh kepriwe deweke precaya
sing mung jere
Njuran ana kembang ngawe-awe
karo lambe
Duh Gusti, ora salah nek awak
kon dijorake Amarga kae kepencut mung nang
njabane Klesam-klesem nyong gari
nyawang segara
Sing jere gawe tentrem ati sing
kuciwa
Ora ana ora liya kowe tek
pikirna Senajan lara ora kena diilangna
Kejaba tresna kang rumangsa

Saturday, August 20, 2011

Cinta Ngapak

Suaramu merdu,gayamu lugu,tapi sayang cangkemu mambu,,,,

Kawit lair enyong wis ngreti dirimu.,enyong wis ngenggo dirimu,ngapak wis dadi darah ku,,,,,

Cinta ngapak kue ora dosa,ora sara lan bebas sensor,

Tekaning pati awak ku,Ngapak tetep basaku.

Ora urus wong pada ngomong apa,sing penting sekali ngapak,tetep koplak....

Hakhakhak...   neng kene lur

Friday, August 19, 2011

Blog Entry Pocong

Mbukaki MPne wong liya sing pada posting poto-poto nang gunung lah marekna ras maknyes... Mbuh kepriwe koh sok dadi ana rasa kangen pengin mbileni apa sing dadi kegiatanku sekitar tahun 90an ndisit. Ndina-ndina pegaweane nang alas. Seminggu pisan latihan nang polres. Pirang wulan pisan digojlog nek ora nang SPN Watumas ya nang Srondhol Semarang apa nang Kelapadua apa nang Cibubur Jakarta.

Trus, Nek ora salah taun 91 apa 92 lah, kegiatane nang SPG Negeri Purwokerto sing wis mulai dibubarna diganti dadi SMA 5. Milih tempat nangkono soale kan lagi liburan, trus ana asramane dadi kepenak go ngandhang-ngandhangna bocahan.

Rampung kegiatan nang kelas, jam 11 mbengi peserta kon pada turu. Let setengah jam, lampu dipateni kabeh nganti peteng dedet kaya umah medi. Trus Alarm dionekna karo lawang digedori kon pada kumpul

Surat Biru

un terima surat biru...
...tulisane sampeyan"

Boseeeet.... najeees abeees.... pokoke lah.
Wis genah pirang-pirang dina rambute mandan kriwil mendadak dangdut, krungu tembangan kaya kuwe kang spiker radione tanggane koh dadi kelingan. Nek ora salah kemis wingi aku olih kiriman liwat pos. Isine tah ora sepiraa, tapi maknaneee...
Mbuh karena uteke terkontaminasi lagu surat biru kuwe, mbuh karena sebab liyane. Sing genah bar nampa surat kuwe terus rasane ora enak mangan, ora enak udud. Turu ya dadi angel wong wetenge kosong. Akeh lemud maning...
Mulane kegawa ngimpi pengin aku dadi kompeni, kayane kepenak. Nek ana sing arep aweh kado apa hadiah bisa nawar disit. Ora usah kesel-kesel ndadak nulis surat biru, kirimi bae wesel. Apa tiru Slank, sing nggenthoak, "haaai kirim aku bunga, kasih..." Tapi bunga deposito bae.
Whoooo...
Menungsa nek lagi dadi kere lah, isine ngalamun thok.
Ya wis ngonohlah pada nulis tangan maning.
Aku tek ngalamun maning karo tembangan.

"atiku rasane kaku...
...mbatin kula ketagihan"

di jukut sekanghttp://kemlithak.multiply.com/journal/item/29/Surat_Biru

MBLENGER NYAWER

Ket wingi rasane koh mblenger temen nek krungu tembung sawer. Isuk-suk wis ditelpun biduan dangdut njaluk sawer, jere wulan puasa ora ana job. Nyupir nembe tekan prapatan, wis ana sing nggawa ecek-ecek karo medeni bocah, "pilih nyawer apa disedot, ooom...?"

Mbukak mulkipli, esih ana sing nagih jere saweran berjamaah men ganjarane tikel 27.

Dasar menungsa, wong jawa mawi. Wis senenge grabag grubug, nek ana sing rame githir kudu melu. Ana wong posting, ribut jamangah. Ana pembagian BLT apa maning. Weruh tanggane puasa, melu bae puasa. Jajal nek pada ngaku menungsa kreatif, aja sok melu-melu wathek panasan kaya kuwe. Kancane lebaran, dhewek-dhewek muludan apa rajaban...

Sengite ndadak nganggo kaya kiye

kucing garong

Sore-sore ana bekas tangga curhat nang telpun. Anu wadon kuwe yakin, kerjane nang arab. Critane kebelet bali ndesa, tapi krungu nek sing lanang nang kampung duwe gendakan maning. Dadi duit kiriman selawase merantau ora ana bekase mbuh pada mlayu ngendi.

Aku ya kur bingung thok. Wong arep bali koh ndadak laporan aku. Emange aku pegawe irigasi sing ngurusi TKW pa? Tapi wong anu karo kanca ya tek rungokna bae apa omongane sing ndadak nganggo acara tangis-tangisan mbarang.

Aku sih ora mbelani wong lanang. Tapi mbok ngerti wong lanang kuwe disebute kucing garong. Dieman kemlithak, ora diurus cluthak. urusan golet duit gari dipasrahna bae sih ngapa. Wong wis dadi tanggungjawabe wong lanang sing jenenge golet rejeki. Wis wani njaluk anak wong ya kudu gelem ngragadi.

Nek kasile kurang ya ditrimakna, tapi ya karo didorong men bisa duwe inisiatip golet tambahan. Aja malah ditinggal merad dewek.

Pancen ora kabeh wong lanang kaya kuwe. Tapi tek deleng, rata-rata wong lanang sing bojone diekspor, gaweane kur udud sinambi leyeh-leyeh nunggu kiriman. Anak dititipna ninine. Tempiling bae sih genah lanangan kaya kuwe.

Emansipasi sih iya apik. Tapi nek kenyataane malah dadi gawe lara wong wadon, go ngapa diterus-terusna. Warang-wurung nang luar negeri ya kur nyapu ngepel gaweane. Kecuali nang kana dadi direktur sih ora masalah. Aku bisa nunut dadi kuline.

Abot temen mbayangna wong wadon adoh anak bojo dadi kesed, sing lanang malah hepi hepi golet gendakan. Apa maning nang arab sing gede resikone gara-gara paham babi haram, babu halal...

Hoalah yu...
Bali bae ngurusi anak. Anak aja ngasi lah dicanthelna wit. Bojo golet maning bae sing bener sing gelem kesel awan bengi men umah-umah sakinah. Awan macul men duwe beras. Bengi ya kon macul maning men duwe bocah

nyong bangga

Kalau Anda pengin sehat, minumlah susu
Kalau pengin seksi, rawatlah susu
Kalau pengin cantik, mandilah susu
Kalau pengin iseng, senggollah susu
Kalau pengin nikmat, isaplah susu
Kalau pengin berhasil, jangan kesusu.

Nyilih sajake Prof. Dr. Eko Budihardjo.

Ping bola bali aku ditakoni kanca-kanca MP, terutama sing wong jawa tapi jawa wetanan apa mandan ngalor. Kanca-kanca sok pada takon kaitane karo gaya basa sing tek nggo karo kanca-kanca. Sing gumun tok ana, sing malah lakak-lakak ana, sing nganggap perusuh ya ana.

Sing sering dadi sorotan kanca-kanca kuwe seringe masalah omongan sing jere saru tur ora sopan. Aku ya ora bisa nyalahna kanca sing duwe pikiran kaya kuwe, soale aku eling nek latar belakang budayane pancen beda.

Wong jawa jogja solo nek ngomong "madang" kur go sing sepantaran apa sengisore dalam bab umur apa jabatan apa posisi soksiale. Nek maring sing lewih dhuwur nyebute "dhahar". Dadi nek ana sing nyebut wong tua kon "madang", dianggepe kurang sopan. Padahal nek gelem mlayu lewih ngulon maning mlebu daerah pasundan, "dahar" kuwe malah dianggepe lewih kasar tinimbang "maem atawa emam". Sing alus malah nganggo istilah "tuang". Mulane aku gumun maring wong sunda. Jere tuang kuwe "madang" secara alus, tapi koh ana sebutan "tuang rama", "tuang ibu" dll etc... Lha apa wong sunda pancen cokan mangani wong yah..?

Mbalek maning meng babagan basa..
Basa kuwe pancen elemen budaya sing paling pokok. Soal basa ngapak apa banyumasan, nek dideleng sekang sejaraeh kudune bisa pada mahami nek basa banyumasan kuwe lair kloer kang kalangan wong tani sing ora ngerti istilah atasan apa bawahan. Beda karo basa jawa jogja solo sing gede banget dipengaruhi budaya ningrat kang kraton. Budaya kraton kuwe kan setitik mambu-mambu feodal sing mbedakna istilah go masing-masing kedudukan sosiale.

Nek nyilih istilaeh kang Ahmad Tohari -budayawan ngapak- basa banyumas kuwe basa kerakyatan. Mulane ora kenal anggah-ungguh. Kowe madhang, lurahe madhang, bupatine madhang, ning inyong urung madang kiyeeeh... Mbok dijujugi sega apa kepriwe lah. Jarku pada ora denger melas temen...

Pokoke patokane anggere ora padha nyebut jeneng wong lan ora padha omong saru kuwi ya basa banyumasan. Basa banyumas kuwe keturunan basa jawa kuna, jamane aku urung ana. Beda karo jawa wetanan sing bisa disebut jawa gagrak anyar, soale anane mulai kang jamane kraton Pajang menyat. Ngerti pajang, mbok..? Nek ngerti ya sukur, berarti gudril ora bakalan payu goleh dodol utek. Nek ora ngerti dolan ngeneh bae ko tek jak madang karo rendang nang warung pajang, akeh nangkene...

Diurut meng sejarah basane ya, nangapa basa banyumas dianggep lewih tua daripada jawa wetanan. Pada ngerti hurup hanacaraka, mbok.. Nek ora ngerti ya wis, asal tau krungu thok be wis cukup lah. Nek ora krungu berarti anu budheg. Nek dianggep hurup-hurup silabistik kuwe pancen gaweane Ajisaka nang Nusa Majeti kidule Nusakambangan, asline pancen kaya kuwe. Nganggo lafal "a" udu "o". Sutawijaya be nyebut awake dhewek esih nganggo istilah sutawijaya, udu sutowijoyo. Dheweke nek ngesop ya nganggo kentang udu kenthong. Lha.. bareng kraton pajang ngadeg, nembe ndongol sandhangan "taling tarung" go ngonekna suku kata men dadi "o". Nah bar kuwe berkembang berkembang dadi basa sing disebut gagrak anyar kuwe mau.

Aku dhewek seneng bae dadi ngapakers, mena disebut basane wong tani udu basa kraton. Wong tani ora due ratu esih bisa madang, lha ratu nek ora ana sing macul, apa enggane kon ngebeg..? Apa maning nek kelingan siki wis jaman industri, globalisasi, politisasi, emansipasi, siang makan nasi kalo malem mimi asi... budaya feodal kayane wis kurang pas. Udu masalah aku sirik apa ora seneng aring wong wetan. Tapi kayane wis ora pantes disebut "tiap-tiap warganegara berkedudukan sama di depan hukum dan pemerintahan dll..." mbuh aku ora apal lah.. UUDne deganti-ganti bae sih... Aku dhewek esih cokan gumun nek weruh wong gawe surat njaluk sumbangan misale meng bupati, nang alamate njeblag tulisan kepada yang terhormat bapak bupati cilacap dll dll... Wis yang terhormat, esih nganggo bapak..? Nangapa ora kaya jaman orla bae sisan..? Yang dipertuan agung bapak beluuuuur.... Isin lah, diterus-terusna. Wis dititor nang malingsia koh...

Dadi kaya kuwe, kakang mbekayu sing ayu apa sing ora ayu... Aja sok rumangsa duwe rasa kepriwe nek krungu wong banyumas pada ndeplak. Kuwe dudu masalah sopan apa ora, tapi semata-mata karena budayane pancen kaya kuwe. Blakasuta, apa anane.. Nyirikna wong sing jujur mbok kuwe. Mulane dilambangna nganggo gambar bawor. Bawor nang wetan disebut bagong, nang kulon disebut cepot, wateke ceplas ceplos ora bisa basa tapi paling dieman nang semar. Tapi aja kewalik nyebut ya... ngko nang pasundan nyebut bawor nganggo sebutan bagong, malah dibrengkolang sandal. bagong kuwe cara wong sunda artine celeng....

Wis lah kaya kuwe bae. Muga-muga bisa dingerteni nang kanca-kanca kabeh. Nek urung mudeng jal waca tulisan kiye ping rongatus maning. Nek urung mudeng bae, rika PM maring gudril mbok esih dodolan utek. Yakin rika anu ora ngutek kuwe...

Wassalam, pareng....

Wednesday, August 17, 2011

ora ngapak DUPACK

ora ngapak dupak | ngapak™ : puisi: Ora ngapak Dupak!
Kenangapa ndadak isin?
Lha kiye mbok basa mu?
Dupak sisan! Ora ngapak Keplak!
Kenangapa ndadak umpetan?
Lha kiye mbok panggon lairmu?
Keplak sisan ! Ora ngapak Klethak
Kenangapa ndadak "gue,elo"
ngomong "Inyong,Enyong,Nyong"
mbok malah kepenak?
Klethak sisan ! Ora ngapak Buthak!
Apa anu wis makmur?
Dadi isin karo basa pedinan?
Wes wegah mangan mendhowan?
Buthaki sisan! Lah,,,
Kayane omonganku koh ya
langka sing di gubris,
Ngeneh,ben genah,tek tulis bae
sisan neng bathukmu sing cunong
Inyong bocah Ngapak! Tukang pejet keyboard.

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates