Tuesday, September 6, 2011

[cerpen] nggolet katok

wektu wis lewat rongdinaan lewih.mamake seno wis mangkat meng singapur,ninggali lakine karo anake loro.siji bujang wis gede,siji maning wadon esih cilik.

Lagi panas2 nggampleng si seno ketone kaya lagi kebingungan nggoleti mbuh apa,ngunah ngeneh wis di acak2 tapi ketone sing di golet seno durung ketemu.

Bapake seno sing ketone lagi leyeh2 ge kpaksa keganggu ding anake..

bapake: koe lagi nggoleti apa si sen?ngrusebi temen matane bapakmu...."
seno: brisik pak,kaya weruh sing tek golet bae rika,,,,kie mesti mamane sing ndelah.asem jere,ngapa2 angger ndelah primpen kaya harta karun bae "
bapake: ya wis nganah di telp bae mamake,"

Akhire seno manut.maring konter tuku pulsa 50ewu ben cukup nggo telp,anu duit olih adol budin
ora urusan,ora urunan.pkoke nek lagi karep embat bae...
Wis tuku pulsa langsung di telp mamake

"tuuuuttttttt.....tuuuuutttttt"
suara neng jero telp nandakna nek kue lg ngenteni sing njawab
sing ngangkat: hello....
seno: halo ma,mamake..kie rika apa udu?"
sing ngangkat: hello ser...can you speking english?"
seno: alah englis2an ngapa lah,wis gegian enyong arep telp mamake,ana apa ora?
sing ngangkat: hello....
seno:hela,helo baen rika,endi mamake enyong koh,tukiyem geneng..tukiyem...ana apa ora?"
sing ngangkat: tukiyem?
seno: iya tukiyem...gegian lah...ora usah kakeen cengek...
sing ngangkat:(ketone lagi nyeluki wong)tukiyem....tukiyem......ana telp nggo koe.."
seno: sih lah,nengan wong ngapak,gayamu nganggo speking2 sgala..

mamake seno: halo..!
seno: halo ma...mamake,wis butul geneng rika yah...sehat mbok ma?
mamake seno: wis ora usah kakehen basa koe lah,angger udu gara2 koe tolih enyong ora abur2an kaya kiye....
seno: lha ya sante ma,aja giri ngegas.kaya kie2 ge mbok anake rika...
mamake: uwis...gegian gari ngomong...ana apa jane ko telponi enyong...?
seno: mak,,mki enyong lagi nggoleti katok...tapi ora nemu2...di delah neng apa si ding rika?
mamake: uuuu......dasar bocah kemplu,teyenge ngentong2na duit tok....telpon larang2 maring ngeneh koh andon takon katok...!teyenge apa si koe??!wis pateni telpone,katoke wis tek doli kabeh nggo mangkat meng ngeneh...kemplu....kemplu...

Nah kue dulur...sekang crita neng duwur bisa nggo patokan,dadi intine "aja telpon nek ora penting2 banget".

Cerita neng duwur kabeh goroan,alias piksi,alias lemboan lan alias2 liane

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates