Wednesday, August 31, 2011

kaki pulisi

Sing di wedeni saiki nek dewek lunga2 neng dalan nggawa motor dewek,mesti polisi.wis dadi rahasia umum...pulisi kie emang paling pinter nggolet duit neng dalan.apamaningsi nek jere ngelanggar aturane pulisi kue mau ya wis,dadi panganane pulisi.kie ana cerita,ceritane kaki dalban meng terminal numpak montor,neng dalan ktemu pulisi,
Pulisine:"selamat siang pak",
Kaki dalban:"ngawan pak,ana apa si?nek arep ngomong penting mah mengko bae lah neng umah,apa di sms na ya kena".
Pulisine:"dela pak mandeg disit,rika ngerti ora salaeh rika kie apa?nganti tek endeg?".
Kaki dalban:"lah rika kie priwe si pak?takon maring enyong,lah enyong kon takon meng sapa?"
Polisine:"(brari kesuh)takon meng rumput yang bergoyang ya kena,di takoni serius koh....,kie menyangkut
keselamatane rika pak,..."
Kaki dalban:"wis ora usah kakehen ngomong,siki karepe rika apa?pengin njaluk duit?sepira?seket ewu?satus ewu?apa pira?nyah limangewu bae(mbari nyodorna duite) nggo tuku permen nggo anake".
Polisine:"(mbari mangase pol) rika ngenyek apa?ujar2e enyong neng dalan andon golet duit receh?sebarangan rika yah...wis rika tek TILANG.
Kaki dalban:"seh,seh,seh....apa2an kie?main tilang2 bae....salaeh enyong apa???engko malah rika sing tuntut balik pak,karena menyebabkan nama baik kaki dalban tercemar ding rika".
Pak pulisine:"hahahahahah,,,,,APA??? XL ?,haha maning...rika arep nuntut enyong...?hahahaha sing salah kue rika,"
Kaki dalban:"lah salaeh enyong apa pak?malah cekakan kaya kunti rika",
Pulisine:"rika ngerti ora???nek numpak montor kue di larang mboncengna lewih sekang siji,dadi neng montor kie mung ana wong loro....lah rika,nggawa wong ngganti telu..bahaya pak...paham rika?"
Kaki dalban:"hehe....pulisine nggolet perkara kie,wis balik bae nganah pak...di rumat disit matane....".
Polisine:"semblotongan rika yah,ujar ujare enyong picek apa?tek bedil sisan tolih rika...."
Kaki dalban:"manengan nek lagi tugas kue aja nganggo kaca mata ireng...di bukak kaca matane..,!!melek ngeneh di jengjet matane rika....,kie pancen patang rupa,tapi dudu wong kabeh pak,kie sing mbonceng siji,mbari nggendong tas,lah kie sing neng ngarep kerdus pak...apa? kerdus....walah jan pulisi picek....cek..cek...
Pulisine:"oh nengan dudu wong yah....hehehe,ya wis nganah lunga,eh kue miki limangewune endi???arep nggo tuku rokok ding enyong".
Kaki dalban:"uuuu digil mu ampeg,wis minggir enyong anu lagi gegianan....".


Lah kue sdulur,dadi critane neng duwur kue bisa di simpulna,bahwa polisine pancen koplak...
(cerita neng duwur kabeh piktif,mbok ana jeneng utawa jabatan sing meh pada,dudu di sengaja ding kaki dalban)

1 comment:

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates