Friday, August 19, 2011

Surat Biru

un terima surat biru...
...tulisane sampeyan"

Boseeeet.... najeees abeees.... pokoke lah.
Wis genah pirang-pirang dina rambute mandan kriwil mendadak dangdut, krungu tembangan kaya kuwe kang spiker radione tanggane koh dadi kelingan. Nek ora salah kemis wingi aku olih kiriman liwat pos. Isine tah ora sepiraa, tapi maknaneee...
Mbuh karena uteke terkontaminasi lagu surat biru kuwe, mbuh karena sebab liyane. Sing genah bar nampa surat kuwe terus rasane ora enak mangan, ora enak udud. Turu ya dadi angel wong wetenge kosong. Akeh lemud maning...
Mulane kegawa ngimpi pengin aku dadi kompeni, kayane kepenak. Nek ana sing arep aweh kado apa hadiah bisa nawar disit. Ora usah kesel-kesel ndadak nulis surat biru, kirimi bae wesel. Apa tiru Slank, sing nggenthoak, "haaai kirim aku bunga, kasih..." Tapi bunga deposito bae.
Whoooo...
Menungsa nek lagi dadi kere lah, isine ngalamun thok.
Ya wis ngonohlah pada nulis tangan maning.
Aku tek ngalamun maning karo tembangan.

"atiku rasane kaku...
...mbatin kula ketagihan"


di jukut sekanghttp://kemlithak.multiply.com/journal/item/29/Surat_Biru

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates