Sunday, August 14, 2011

lintas ngapak

Nyilih sajake Prof. Dr. Eko
Budihardjo. Ping bola bali aku
ditakoni kanca-
kanca MP, terutama sing wong
jawa tapi jawa wetanan apa
mandan ngalor. Kanca-kanca sok pada takon kaitane karo gaya
basa sing tek nggo karo kanca-
kanca. Sing gumun tok ana, sing
malah lakak-lakak ana, sing
nganggap perusuh ya ana.
Sing sering dadi sorotan kanca- kanca kuwe seringe masalah
omongan sing jere saru tur ora
sopan. Aku ya ora bisa nyalahna
kanca sing duwe pikiran kaya
kuwe, soale aku eling nek latar
belakang budayane pancen beda. Wong jawa jogja solo nek
ngomong "madang" kur go sing
sepantaran apa sengisore dalam
bab umur apa jabatan apa posisi
soksiale. Nek maring sing lewih
dhuwur nyebute "dhahar". Dadi nek ana sing nyebut wong tua
kon "madang", dianggepe kurang
sopan. Padahal nek gelem mlayu
lewih ngulon maning mlebu
daerah pasundan, "dahar" kuwe
malah dianggepe lewih kasar tinimbang "maem atawa emam".
Sing alus malah nganggo istilah
"tuang". Mulane aku gumun
maring wong sunda. Jere tuang
kuwe "madang" secara alus, tapi
koh ana sebutan "tuang rama", "tuang ibu" dll etc... Lha apa
wong sunda pancen cokan
mangani wong yah..?
Mbalek maning meng babagan
basa..
Basa kuwe pancen elemen budaya sing paling pokok. Soal
basa ngapak apa banyumasan,
nek dideleng sekang sejaraeh
kudune bisa pada mahami nek
basa banyumasan kuwe lair kloer
kang kalangan wong tani sing ora ngerti istilah atasan apa
bawahan. Beda karo basa jawa
jogja solo sing gede banget
dipengaruhi budaya ningrat kang
kraton. Budaya kraton kuwe kan
setitik mambu-mambu feodal sing mbedakna istilah go masing-
masing kedudukan sosiale. Nek
nyilih istilaeh kang Ahmad Tohari -
budayawan ngapak- basa
banyumas kuwe basa
kerakyatan. Mulane ora kenal anggah-ungguh. Kowe madhang,
lurahe madhang, bupatine
madhang, ning inyong urung
madang kiyeeeh... Mbok dijujugi
sega apa kepriwe lah. Jarku
pada ora denger melas temen... Pokoke patokane anggere ora
padha nyebut jeneng wong lan
ora padha omong saru kuwi ya
basa banyumasan. Basa banyumas
kuwe keturunan basa
jawa kuna, jamane aku urung ana. Beda karo jawa wetanan
sing bisa disebut jawa gagrak
anyar, soale anane mulai kang
jamane kraton Pajang menyat.
Ngerti pajang, mbok..? Nek ngerti
ya sukur, berarti gudril ora bakalan payu goleh dodol utek.
Nek ora ngerti dolan ngeneh bae
ko tek jak madang karo rendang
nang warung pajang, akeh
nangkene...
Diurut meng sejarah basane ya, nangapa basa banyumas
dianggep lewih tua daripada jawa
wetanan. Pada ngerti hurup
hanacaraka, mbok.. Nek ora
ngerti ya wis, asal tau krungu
thok be wis cukup lah. Nek ora krungu berarti anu budheg. Nek
dianggep hurup-hurup silabistik
kuwe pancen gaweane Ajisaka
nang Nusa Majeti kidule
Nusakambangan, asline pancen
kaya kuwe. Nganggo lafal "a" udu "o". Sutawijaya be nyebut awake
dhewek esih nganggo istilah
sutawijaya, udu sutowijoyo.
Dheweke nek ngesop ya nganggo
kentang udu kenthong. Lha..
bareng kraton pajang ngadeg, nembe ndongol sandhangan
"taling tarung" go ngonekna
suku kata men dadi "o". Nah bar
kuwe berkembang berkembang
dadi basa sing disebut gagrak
anyar kuwe mau. Aku dhewek seneng bae dadi
ngapakers, mena disebut basane
wong tani udu basa kraton.
Wong tani ora due ratu esih bisa
madang, lha ratu nek ora ana
sing macul, apa enggane kon ngebeg..? Apa maning nek
kelingan siki wis jaman industri,
globalisasi, politisasi, emansipasi,
siang makan nasi kalo malem mimi
asi... budaya feodal kayane wis
kurang pas. Udu masalah aku sirik apa ora seneng aring wong
wetan. Tapi kayane wis ora
pantes disebut "tiap-tiap
warganegara berkedudukan
sama di depan hukum dan
pemerintahan dll..." mbuh aku ora apal lah.. UUDne deganti-ganti bae
sih... Aku dhewek esih cokan
gumun nek weruh wong gawe
surat njaluk sumbangan misale
meng bupati, nang alamate
njeblag tulisan kepada yang terhormat bapak bupati cilacap
dll dll... Wis yang terhormat, esih
nganggo bapak..? Nangapa ora
kaya jaman orla bae sisan..?
Yang dipertuan agung bapak
beluuuuur.... Isin lah, diterus- terusna. Wis dititor nang malingsia
koh...
Dadi kaya kuwe, kakang
mbekayu sing ayu apa sing ora
ayu... Aja sok rumangsa duwe
rasa kepriwe nek krungu wong banyumas pada ndeplak. Kuwe
dudu masalah sopan apa ora,
tapi semata-mata karena
budayane pancen kaya kuwe.
Blakasuta, apa anane.. Nyirikna
wong sing jujur mbok kuwe. Mulane dilambangna nganggo
gambar bawor. Bawor nang
wetan disebut bagong, nang
kulon disebut cepot, wateke
ceplas ceplos ora bisa basa tapi
paling dieman nang semar. Tapi aja kewalik nyebut ya... ngko
nang pasundan nyebut bawor
nganggo sebutan bagong, malah
dibrengkolang sandal. bagong
kuwe cara wong sunda artine
celeng.... Wis lah kaya kuwe bae. Muga-
muga bisa dingerteni nang
kanca-kanca kabeh. Nek urung
mudeng jal waca tulisan kiye ping
rongatus maning. Nek urung
mudeng bae, rika PM maring gudril mbok esih dodolan utek.
Yakin rika anu ora ngutek kuwe...
Wassalam, pareng....

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates