Sunday, August 14, 2011

wong ngapak: ora ngapak,keplak

Maca nangaring Kompas cetak dina kiye halaman 12, gelem ora gelem aku dadi nlangsa dewek. Nangkono disebutna nek basa Banyumasan termasuk basa sing meh punah. Alesane gara-gara wong Banyumas siki mulai gengsi nganggo basa sing dianggap kasar tur kampungan.
Padahal nek debukak sejarah perngapakan, basa Banyumas pancen asale sekang kultur pinggiran sing didominasi petani karo nelayan. Pancen krasane kasar, tapi justru kuwe cermin kejujurane wong ngapak sing duwe prinsip blakasuta lan apa anane. Persis kaya disebutna nang Kompas mau. Basa ngapak termasuk basa vernakuler sing ora dikodifikasi dadi basa resmi. Dadine lewih bersih sekang telikungan politik kepentingan siang biasane cedek karo urusan kekuasaan.
Wis dadi rahasia umum, nek sing cedek karo urusan kekuasaan mesti akeh sing ora berese. Ana bae sing diuyeg-uyeg nganti jeleh sing nyawang. Golet sing 100% jujur yakin gologokin angele pol. Kuwe bisa dideleng kang aturan-aturan basane. Basa wetanan kaya Jogja Solo sing dadi basa ningrat, caraku ora demokratis tur peodal banget. Sebutan go aku, rika, ramane, luraeh lan seteruse dibedak-bedakaken. Alesane sopan santun anggah ungguh, tapi dadine keton banget nek ana pihak sing olih ngidek pihak liane.
Jal nang basa Banyumas. Aku madang, rika madang, bupatine ya madang. Apa pedah kondisi kiye wis ora pas karo kenyataan siki, dadine basa ngapak dianggep ora aptudit. Mbok rika pada ngerti nek siki logika mau pada dewalik. Bupatine madang, luraeh madang, ning aku karo sebagian rakyate pada kencoten.
Sing pada ceplak nganti klalen ra gelem mikirna. Kemplu pancen...
Sing nambah gawe bingung, wong

cokan gampang aweh vonis nek kepunahan basa kuwe disebabna sing nganggo wis pada bebeh. Padahal menurut aku, pemrentah
juga dowe dosa gede. Deleng bae nang sekolahan sing nglebokna basa daerah dadi muatan lokal. Nangapa nang daerah Banyumas sing diwarahna dudu basa ngapak. Tapi malah kromo inggil dengan alesan kuwe basa Jawa sing wis dibakukan.
Wis ngerti kenyataane kaya kuwe koh kayane urung tau krungu ana sing usul meng mentrine men muatan lokal basa daerah kuwe disesuekna karo basa setempat. Padahal nek tek deleng nang milis Banyumas, isine ya wong gede-gede kabeh. Masa sih ora ana untune babar blash. Jajal nek bisa kaya nang Jogja kayane apik kuwe lik. Nggal dina setu nang kantor-kantor instansi pemrentah diwajibna nganggo basa daerah. Tapi aja nganti salah maning, ko malah sing denggo basa bandhek.
Forum, milis atawa website ngapak asline akeh banget. Tapi gumune sok ora konsisten. Nganti kang Khamshe juragan ngapak.com tau tek omyang ntong bersih. Wong jerene ngapak.com basane malah akeh Indonesiane. Nek pancen arep narik pembaca non ngapak, ya digawe pirang bahasa, Indonesia, Inggris trus ngapake aja klalen.
Nek disebutna akeh sing wis isin nganggo basa ngapak, kayane ana benere. Tapi nek go aku dewek, asal ketemu karo wong sing mudeng ya tetep ngomong ngapak. Ra urusan dadi guyonan wong liya, wong budayane pancen sejen koh. Nek urusan ngeblog pancen tek akoni wis mandan suwe rung nulis ngapak maning. Soale kanca sing non ngapak lewih akeh, mbok ndarani roming. Tapi nek sing ngomentari wong Banyumas, ya tetep bae ngapak. Apa maning sing nang mulkipli, kayane komen ngapak malah mendominasi.
Apa perlu nganakna lomba nulis artikel ngapak..?
Nek pancen perlu jal mengku Pacul kon dadi panitia. Aja didadikna peserta, mesti menang. Mulane kon dadi seksi ribut bae karo bibi ribut. Sing penting aja kur mikir lombane tok trus ora ana tindak lanjute. Misale warga ngapak diwajibna gawe postingan
ngapak sewulan pisan. Ora ngapak keplak...
Hihihi bodoa ding...
Urusan ngomong koh diatur- atur...
Kaya ana sing nggaji...
kabeh tulisan neng duwur di colong sekang kene

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates