Friday, August 19, 2011

Blog Entry Pocong

Mbukaki MPne wong liya sing pada posting poto-poto nang gunung lah marekna ras maknyes... Mbuh kepriwe koh sok dadi ana rasa kangen pengin mbileni apa sing dadi kegiatanku sekitar tahun 90an ndisit. Ndina-ndina pegaweane nang alas. Seminggu pisan latihan nang polres. Pirang wulan pisan digojlog nek ora nang SPN Watumas ya nang Srondhol Semarang apa nang Kelapadua apa nang Cibubur Jakarta.

Trus, Nek ora salah taun 91 apa 92 lah, kegiatane nang SPG Negeri Purwokerto sing wis mulai dibubarna diganti dadi SMA 5. Milih tempat nangkono soale kan lagi liburan, trus ana asramane dadi kepenak go ngandhang-ngandhangna bocahan.

Rampung kegiatan nang kelas, jam 11 mbengi peserta kon pada turu. Let setengah jam, lampu dipateni kabeh nganti peteng dedet kaya umah medi. Trus Alarm dionekna karo lawang digedori kon pada kumpul lapangan.

Walah... ramene ngungkuli pasar wage pokoke. Baris nang lapangan wis ora pada petha. Ana sing klambine kewalik. Ana sing keciliken nganggo klambine tanggane. Sing sepatune tengan kabeh ya ana.

Lha, aku enek banget karo bocah STM sing sepatune tengan kabeh kuwe. Wis tek kon pus ap ping rong puluh, kuwe bocah tek prentah meng kamer maning kon ganti sepatu. Malah ngeyel njaluk kancani jere nang asrama ana setane. Tek jejek sisan bokonge, tek wei wektu pokoke rong menit kudu wis mbalek. Arep nubruk-nubruk lawang nang petengan ya ngonoh. Pokoke nek telat tek tambaih pus ape rong puluh maning. Liwat telung menit nembe mbalek tapi sepatune esih ajeg tengen kabeh. Ya pus ap maning.

Bar kuwe tek prentah maning kon ganti sepatu. Kur ndeleng bocaeh katon tegang banget aku mandan melas, tek siliih batre. Temenan, pas rong menit wis mbalek meng lapangan. Lah koh sepatune urung ganti. Tek omeih sisan... Wedi apa kepriwe jane karepe..?

"Ora masalah wedi, ndan... Wis tek ubek-ubek nganti tekan longan. Pancen ana sepatu, tapi anu kiwe kabeh. Lah nganggo sing kiwe kabeh ajeg diukum maning..."

Urung rampung goleh semaur, kuwe bocah tek cekel githoke, tek seret cemplungna paceran mburi asrama.  


Wis mblenger nyiksa sing pada ora beres goleh klamben, peserta digiring kaya bebek mlaku meng baturaden tapi mubeng liwat prompong trus PLTA Ketenger. Tiap regune bocah lima.

Lha aku kuwe kebagian jaga nang kuburan nduwur kutasari apa jenenge lah klalen,
maklum wis taunan... Rempoah apa apa lah.. 
Aku karo kancane bocah telu ngantungi pocong-pocongan nang wit. Lha... kancaku watek jaile kumat, ndilalah nang dalan nemu ndog kebo. Dibuntel karo gerdus olih nemu trus didelah nang tengah dalan kuburan. Maksude men kepenyak peserta sing liwat ndean. Aku ora komentar, tek jorna bae.


Jam 2... jam 3... lah koh pesertane urung ana sing liwat. Suwe-suwe hawane koh mandan mrekindhingi. Bocah telu mau kur bisa clingak-clinguk karo mulai mandan deg-degan. Jaman semana urung ana tlepon seluler, anane ya tlepon kebo sing digerdusi mau. Nggawa HT ndilalaeh ngedrop dienggo mojok bae ket sore. Mulai metu rasa wedi, sidane kancaku ana sing ngajak meng pos seurunge. Aku be anu mulai ora nggenah rasane dadi tek iyakna bae.

Lah kancaku takon, "mau sih nggantung poconge pirang iji..?"
"Telu, ndol.." aku semaur. Lha tek semauri kaya kuwe koh malah mlayu. Kancaku sing siji maning mbuh nangapa melu mlayu. Aku anu sok gemagusan santai bae. Tapi aku ndengar ngitungi rukuh sing dikereki nang wit.
"Siji.. loro.. telu.. paaaa....." Geblash... krosak...
Ora nerusna ngitung, aku melu ngiprit ngoyok sing wis mlayu ndisiti. Wong telu kedungsak-dungsak nang kuburan sing rungkud banget. Lha, kanca sing mlayu nangarepku tulung-tulung tapi ora mandeg. "Wiiiin, tulung baretku tiba...."

Wong rumangsa setia kawan, aku tingak-tinguk nggoleti baret. Nah, ketemu deneng, keton ireng-ireng nang petengan. Gayane kaya jetli pokoke tek saut bae karo mbanterna mlayune. Mbasan tek cekel, ceg... Sempruuuul... udu baret...!!!

Tlepong, ndoool..!!! Tek reok sisan, tek kapruk-kaprukna maring kanca-kancaku bareng pada keoyok. Sidane wong telu gupak ora nggenah.


Metu kang kuburan meh tekan ndesa, nemu pos ronda. Trus keton ana geni rokok kelap-kelip. Walah bungaeh pol nemu menungsa.
 Tekan ngarep pos ronda pada leren golih mlayu. Pancen ana wong siji turon sarungan karo tangane nyekel rokok, ora patia genah wong anu ora ana lampune. Remeng-remeng tok kepadhangan wulan separo.


"Pak, punten melu ngaso lah," aku nembung maring wong kuwe.
"Ngapa sih mbengi-mbengi playon.?" Sing ronda semaur tapi malah ngungkuri. Ora kuat ndean mambu tlepong. Aku ngrumangsani mambu, njagong nang kayu ngarep pos ronda
"Ana medi, pak.." kancaku sing semaur.
"Medi apa..?" sing ronda takon maning.
Kancaku ngomong medi, aku dadi kelingan nek nang daerah kono pernah geger ana medi sing raine kaya papan. Rumangsa wis kendel ana kancane, aku gemagusan takon sisan nggo mbuang penasaran soal isu medi kuwe.

"Pak, apa bener nang kene sok ana medi sing raine rata..?"

"Kaya papan apa mas..?" Wong kuwe takon maning karo mingser, ndean rumangsa ora sopan ngobrol koh karo ngungkuri.
"Aku krungune sih kaya kuwe, anu temenan apa pak..?" Aku semaur karo menyat niate arep mlebu meng pos. Lha masa ngomong adoh-adohan ya ora penak. Bareng wis adep-adepan, sing ronda takon maning.

"Kaya kiye ora raine mas..?"


Whuaaaaaaaaaaa...... Wong telu bubar kabeh mlayu maning...


nyolong sekang kene

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates