Sunday, August 14, 2011

ngenggo "O" sing ra tepat

kie sing jenenge salah kaprah,wis ngerti nek neng daerahe enyong,cilacap.ngenggo bhasane genah ngapak,sing jenenge "apa",y ajeg.beda nek solo,"apa" bisa dadi "opo".dudu arep perang urat mslalah bhasa,kie mung nggo hiburan semata.
Pernah enyong ngrasa,bhasane wong solo'n kue apik emen,dadi tek salurna maring hobine enyong sing corat coret,
pokoke kabeh kata2 apa bae sing tek weruh mburine esih nganggo "a",tek genti kabeh dadi "o".
Lagi tingak tinguk neng dalan,ana tulisan munine kaya kie "POS RONDA".
Uteke enyong ora pikir dawa,wong dasarege ra tau mikir...tek genti bae tulisane dadi "POS RONDO".
Mbarang mbengine enyong liwat ngonoh maning koh nggon kue sing mau tek genti arane samene ra karuan,uwistah wong lanangan kabeh maning..
Barang tek takoni "ana apa si kang?gneng rame emen?",'clikuk' wong sing mandan tua tp untune wis pada langka..ngomong "lagi ngrödani rondo",ora tek trusna olih takon,langsung klepat enyong lunga.
Neng batin"kue tembe pos ronda sing tek revormasi,apa maning tek genti istilaeh pak lurah "cintailah ronda",tek genti "cintailah rondo".waduh,,,ekak kui...

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates