Monday, August 29, 2011

lebarane kapan

Nguna ngeneh pada ngongi lebaran mundur,ana sing trima,ana sing kesuh,sing ngomong lebarane unik ya ana,
Jane enyong pribadi nek olih melu komen,,,anu y "ora urusan".arep dina kie ya mangkat shalat ied,arep ngesuk ya siki puasa maning.
Wong genah urip neng negara sing apa2ne wis ana aturane,lebaran ge wis ana sing nentukna....ya melu bae.ngapa gondok2an,arep ngotot2 dwek ya bati2 kesel tok,langka sing mbayar maning.
Tapi siji sing enyong mandan gatel pengin ngomong,ana sing ngomong koh jere "lebarane unik,muhamadiah tgl 30-NU tgl 31",kie kaya mentitelkan golongan,kawit gemiyen uteke enyong di nei sugesti bahwa muhamadiah karo NU kue sokan akeh
bedane.
Nganti utek di peksa mikir,"janjane sing bener endi?".
Nek cara mikire enyong pribadi,"mbok dewek islam,patokane al qur'an".dadi mbok muhamadiah karo NU ngomong apa bae,ya di balekna bae maring al qur'an.
Balik maning maring mundure lebaran..jane lebaran kie ora tau mundur,nek dwek ora pernah krungu bahwa lebarane dina selasa,tp genah uteke dwek wis di jejeli pkiran bahwa lebarane dina selasa dadi ana keputusan sidane rebo,dadi ana istilah mundur.
eee kue si pkirane enyong,dadi mbok ana apa malah beda kabeh karo pikirane rika ya nyuwun pangampurane,ora nana maksud apa2,mung pengin melu ngomong.

Lebaran siki arep ngesuk sing penting dewek bisa maapna wong lia sekitare dewek......

Minalaidzin walfaidzin,Mohon mahaf lahir dan batin.
wasalam......

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates