Monday, August 29, 2011

Balik Kampung

Nggo rika sing arep balik kampung siki,ndean kie tulisane enyong kena di waca.
Terutama rika sing nggawa motor/mobil dewk.
Sing pertama di deleng kue wektu,aja njikot balik ngawan awan,sebabe emosi lewih duwur nek ndas kpanasen,

Sing keloro di emut2,aja matokna wektu kapan tekan ngumah...kie bahaya banget,sebab utek bakal mikire "gegian,gegian,lan gegian".

Sing ke telu di ematna,aja nganti utek nglamun...sebab apa?nek neng ndalan nganti nglamun,apa maning nglamun wadonan,bahayane pol lik..

Sing ke papat di ematna,nek liren nggolet enggon sing mandan aman,kaya pom bensin,apa hotel nek duite akeh oten...
Sing paling penting jere polisine,"ngati2 sebab keluargamu ngenteni neng umah".

Tulisan kie di jukut sekang pengalaman pribadine enyong neng dalan...mung nggo bagi2 pengalaman.

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates