Friday, August 19, 2011

MBLENGER NYAWER

Ket wingi rasane koh mblenger temen nek krungu tembung sawer. Isuk-suk wis ditelpun biduan dangdut njaluk sawer, jere wulan puasa ora ana job. Nyupir nembe tekan prapatan, wis ana sing nggawa ecek-ecek karo medeni bocah, "pilih nyawer apa disedot, ooom...?"

Mbukak mulkipli, esih ana sing nagih jere saweran berjamaah men ganjarane tikel 27.

Dasar menungsa, wong jawa mawi. Wis senenge grabag grubug, nek ana sing rame githir kudu melu. Ana wong posting, ribut jamangah. Ana pembagian BLT apa maning. Weruh tanggane puasa, melu bae puasa. Jajal nek pada ngaku menungsa kreatif, aja sok melu-melu wathek panasan kaya kuwe. Kancane lebaran, dhewek-dhewek muludan apa rajaban...

Sengite ndadak nganggo kaya kiye
mbarang :

1. Pertama, buat postingan yang memuat gambar award ini d blog kamu.
Posting mbok kaya wong mabok..? Bebaaas...
Kiye koh diprentah-prentah kon masangi gambar kaya arep kampanye baen. Nek pancen ngotot pengin ana gambare, rika dolan bae meng malioboro. Milih dewek akeh nangkana. Aja klalen mbayar dewek, aja tanggane singkon nyaur. Trus templekna. Sekarepe lah, nang bathukmu ya rapapa.

2. Sebutkan siapa yang memberikan award beserta link blognya .
Sing prentah nek ora salah Priyo Harjiyono, nek pancen lanang. Nek wadon ya Wanito Harjiyono. Nek ora nganah ngeneh urusan kelamine, berarti ya sing nggawa kecrekan nang prapatan IAIN wingi kae bocaeh.

3. Hadiahkan kembali award ini kepada 10 tetangga anda .
Bebeh temen sih. Nyong biasane nyawer duit meng penyanyi. Urung tau penyanyi dangdut tek prentah kon nulis. Gelem busung lah...

4. Kunjungi blognya dan beritahukan kalau ada award dari kamu untuknya
Gampang nek urusan dolan. Pancen digaji kon ceting karo dolan ikih.

5. Lakukan hal yang sama seperti yang memberikan award ke kamu
Nyong ora maksud nek kiye. Mbok kaya Sarmidi lah. Nek tanggane nugel ceker pitik, cekerku ditugel. Tanggane ndilati brutu pitik, masa brutuku kon didilati..? Moh temen, ndol...

1. Dari mana blog kalian?
Ya nyong ora ngerti urusan kuwe. Mbuh kang Amerika apa umaerika yakin nyong ra mudeng. Pokoke pas mbukak internet, ngetik mulkipli ujug-ujug bloge ana nang tipi komputer. Nek ora ngandel ngeneh parani dewek...

2. Kapan dilahirkannya?
Takon koh ora kumplit. Sing lair kiye sapa..? Nyong, biyunge nyong, apa ninine, apa weduse tanggane...?

3. Kesulitan apa saja dalam membuat blog ini?
Aja takon meng nyong. Takon meng sing gawe. Nyong anu gari trima nganggo. Gratisan maning...

4. Mengapa membahas topik yang kalian bahas sekarang?
Hoalah kemploooo. Deneng takon kenangapa mbahas sing kaya kiye..? Mbok rika sing prentah..?? Mondol temen lah...

5. Kenapa tampilan blog menggunakan theme (template) ini?
Ya anu ora ngerti. Bar ndaktar kon milih tampilan blog. Anane kaya kiye ya tek nggo bae. Go ngapa tampilan diurusi. Sing penting mbok isine, ndool..? Gawe mumet wong apa ora. Nek sing setres tambah akeh, berarti sukses. RSJ Banyumas bakal olih tambahan pemasukan.

6. Apa yang pertama kalian lakukan saat pertama blog Anda baru jadi?
Bareng dadi ya kur didelengi yah. Paling diklik klik nganggo mos. Masa kon dikamplengi...

Wis lah kaya kuwe bae. Nyong anu seneng diprentaih ora. Sing pengin melu-melu ya ngonoh. Nek ora ya ora papa. Ora dosa ikih, asal ora nyolong komputere tanggane go ngetik.

sekang <a href="

Sengite ndadak nganggo kaya kiye mbarang :

sekang blog.rawins.com

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates