Sunday, August 28, 2011

puisi esuk

Srengenge esuk sing di alem,atismu ora krasa wektu semana....

Emutku lewih anget sekang slimut kamar,malahan atiku kaya kembang lagi mekar....

Saiki........

Uteku kaya kecantol wektu,wektu mbien pas kabeh esih neng kene,esih bareng,esih gandengan....

Kemutan sawijining mlaku nglewati embun,nglewati atis,mbatiri manuk nggugah
esuk.

Tapi kue mbien,mbien sing ora bisa di baleni,mbien sing koe ndean wis kelalen.....

Siki kabeh wis ngilang,ndean wis bungah,ndean wis rubah...kaya ngilang kegawa punah...

Semending ndean ana emutmu,Semending ndean....

Sing tek rasa siki....

Enyong kangen maring wektu kae,maring wektu sing ngemutna utek,maring dina sing gawe bungahning ati,
Maring esuk sing indah.....

Maring kabeh wujude koe,maring kabeh eseme koe....
Maring srengenge sing mbatiri dewek,maring embun sing netes neng rai,....
Maring kabean emutku neng koe...

Nglamunku
Seumpama olih tek gered mundur si wektu,enyong pengin ngrasani maning pas kae...

Ngrasani maning angete cekelan mu,ngrasani maning gmeter ing mlaku,ngrasani maning jantung kaya mlempat,
Ngrasani maning guyon mu....

Fiuuuhhhhhhh.....

Mung bisa Ngelamun...

No comments:

Post a Comment

cetetan:
blog kie fungsi utamane nggo muntahna unek2,dadi mbok ana kata2 utawa kalimat sing kurang pas neng atine rika,enyong nyuwun pangampurane.aja kelalen nei komentar neng postingan utawa neng "dopokan".
Suwun

amazon deals

Google PageRank Checker Powered by  MyPagerank.Net Flag Counter

Latest Blogger Templates